Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 25:50-55 Kitab Sutji (JAV)

50. Wong iku nuli etung-etungana karo kang nuku, wiwit taun anggone ngedol awake dhewe nganti tekan Taun Yobel, sarta dhuwit pangedole banjur kaetunga miturut cacahing taun; anggone melu marang wong kang neneka iku kaanggepa kaya cacahing taune wong buruh.

51. Manawa cacahing taun kang kari iku isih akeh, anggone mbalekake dhuwit panukune minangka panebuse awake iku manut cacahing taun mau.

52. Manawa cacahe taun kang tumeka Taun Yobel iku mung kari sathithik, iya etung-etungana karo kang nuku, anggone mbalekake dhuwit tebusan kanggo awake dhewe; kaetunga miturut cacahe taun iku.

53. Dadine anggone ngenger ing saben taun-taune marang lurahe iku dikaya buruh; ora kena disiya-siya ana ing ngarepira.

54. Dene manawa ora katebus kanthi patrap mangkono, ing Taun Yobel kudu dililani metu dalah anak-anake.

55. Awitdene wong Israel iku padha ngabdi marang Ingsun, lan padha dadi abdiningSun kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”

maca bab lengkap Kaimaman 25