Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 25:39-53 Kitab Sutji (JAV)

39. Mangkono maneh manawa ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan ana ing tengahira, nganti pasrah bongkokan marang sira, iku aja sira dadekake kaya batur tukon.

40. Dikaya buruh, utawa wong neneka ana ing omahira, anggone nyambut gawe ana ing panggonanira nganti tumeka Taun Yobel.

41. Sawuse iku nuli lilanana metu saka ing omahira dalah anak-anake, mulih menyang panggonane kulawargane lan ebeke para leluhure.

42. Awitdene wong iku padha abdiningSun kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, ora kena diedol patrap kaya batur tukon.

43. Aja sira tindhes, nanging sira wedia marang Allahira.

44. Nanging baturira tukon lanang utawa wadon kang arep sira ingu, iku sakaa para bangsa kang ana ing saubengira; mung panunggalane iku kang kena sira tuku dadi baturira lanang utawa wadon.

45. Sarta maneh kang kena sira tuku yaiku panunggalane anake para wong neneka kang manggon ana ing tengahira, kang lair ana ing nagaranira. Wong iku padha kena sira darbeni.

46. Iku edum-edumna dadi warisan marang anak-anakira, supaya kadarbe minangka warisan, pangengere iki salawas-lawase. Dene mungguh wong Israel, siji-sijine wong panunggalanira aja ana kang ngereh marang sadulurira klawan daksiya.

47. Manawa ana wong ngamanca utawa wong neneka kang ana ing tengahira, kang uripe wus kacukupan, mangka sadulurira kang melu wong iku tumiba ing kamlaratan, nganti ngedol awake marang wong ngamanca utawa wong neneka iku, utawa marang wong kang asale saka wong ngamanca iku,

48. sawuse ngedol awake mau, kawenangna ditebus, yaiku salah sijine wong panunggalane sadulure kena nebus,

49. sadulure bapakne utawa kulawargane kang cedhak, utawa manawa wus kuwat dhewe, iku wenang nebus awake dhewe.

50. Wong iku nuli etung-etungana karo kang nuku, wiwit taun anggone ngedol awake dhewe nganti tekan Taun Yobel, sarta dhuwit pangedole banjur kaetunga miturut cacahing taun; anggone melu marang wong kang neneka iku kaanggepa kaya cacahing taune wong buruh.

51. Manawa cacahing taun kang kari iku isih akeh, anggone mbalekake dhuwit panukune minangka panebuse awake iku manut cacahing taun mau.

52. Manawa cacahe taun kang tumeka Taun Yobel iku mung kari sathithik, iya etung-etungana karo kang nuku, anggone mbalekake dhuwit tebusan kanggo awake dhewe; kaetunga miturut cacahe taun iku.

53. Dadine anggone ngenger ing saben taun-taune marang lurahe iku dikaya buruh; ora kena disiya-siya ana ing ngarepira.

maca bab lengkap Kaimaman 25