Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 25:36-45 Kitab Sutji (JAV)

36. Aja sira jaluki anakan utawa bebathen, nanging sira wedia marang Allahira, supaya sadulurira iku bisa urip ana ing tengahira.

37. Anggonira motangake aja njaluk anakan, lan anggonira nulungi pangan aja klawan ngarah bathi.

38. Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, lan Sunparingi tanah Kanaan, supaya Ingsun dadi Allahira.

39. Mangkono maneh manawa ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan ana ing tengahira, nganti pasrah bongkokan marang sira, iku aja sira dadekake kaya batur tukon.

40. Dikaya buruh, utawa wong neneka ana ing omahira, anggone nyambut gawe ana ing panggonanira nganti tumeka Taun Yobel.

41. Sawuse iku nuli lilanana metu saka ing omahira dalah anak-anake, mulih menyang panggonane kulawargane lan ebeke para leluhure.

42. Awitdene wong iku padha abdiningSun kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, ora kena diedol patrap kaya batur tukon.

43. Aja sira tindhes, nanging sira wedia marang Allahira.

44. Nanging baturira tukon lanang utawa wadon kang arep sira ingu, iku sakaa para bangsa kang ana ing saubengira; mung panunggalane iku kang kena sira tuku dadi baturira lanang utawa wadon.

45. Sarta maneh kang kena sira tuku yaiku panunggalane anake para wong neneka kang manggon ana ing tengahira, kang lair ana ing nagaranira. Wong iku padha kena sira darbeni.

maca bab lengkap Kaimaman 25