Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 25:28-39 Kitab Sutji (JAV)

28. Nanging manawa ora duwe kang kagawe mbalekake, ing kono darbeke kang wus diedol tetep ana ing tangane kang tuku nganti tumeka ing Taun Yobel. Ing Taun Yobel palemahan iku bakal luwar, sarta wong mau bisa ngulihi tanah ebeke.”

29. “Saupama ana wong adol omah ana ing kutha kang pagere tembok, omah iku kenane ditebus mung tumeka taun pendhake, kaetung saka anggone ngedol; anggone wenang nebus mung sajrone setaun.

30. Nanging manawa nganti sataun ora ditebus, omah mau tetep dadi duweke kang tuku nganti turun-tumurun, ing Taun Yobel ora bisa bali.

31. Balik omah kang ana ing desa kang ora kinubengan ing pager tembok, iku kapadhakna karo palemahan ing nagara kono, padha kena ditebus lan ing Taun Yobel kudu bali.

32. Tumrap omah-omah ing kutha-kuthane wong Lewi, wong Lewi iku salawase duwe wewenang nebus.

33. Dene manawa ana wong Lewi kang ora nebus darbeke, nanging omah kang kaedol ana ing kuthane dhewe, iku iya kudu bali ing Taun Yobel, amarga omah kang ana ing kuthane wong Lewi iku padha dadi wewenange ana ing satengahe wong Israel.

34. Nanging mungguh ara-ara kanggo angon kang ana ing sakubenge kuthane, iku aja kaedol, marga iku dadi darbeke ing salawas-lawase.”

35. “Saupama sadulurira ana kang tumiba ing kamlaratan, nganti wus ora bisa ngglawat ana ngarepira, iku kabantua, dipadha kaya wong manca utawa wong neneka, supaya bisa lestari urip ana ing tengahira.

36. Aja sira jaluki anakan utawa bebathen, nanging sira wedia marang Allahira, supaya sadulurira iku bisa urip ana ing tengahira.

37. Anggonira motangake aja njaluk anakan, lan anggonira nulungi pangan aja klawan ngarah bathi.

38. Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, lan Sunparingi tanah Kanaan, supaya Ingsun dadi Allahira.

39. Mangkono maneh manawa ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan ana ing tengahira, nganti pasrah bongkokan marang sira, iku aja sira dadekake kaya batur tukon.

maca bab lengkap Kaimaman 25