Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 25:22-29 Kitab Sutji (JAV)

22. Ing taun kang kaping wolu, sira bakal padha nyebar, nanging sira bakal padha mangan pametu kang dhisik nganti tumeka taun kang kaping sangane; nganti salebune pametune iku, sira isih bakal padha mangan kang dhisik.”

23. “Tanah aja diedol salawase, awitdene tanah iku kagunganingSun, lan sira iku padha dadi wong manca, kang neneka tumrap Ingsun.

24. Mulane ana ing tanah darbekira kabeh, sira padha nglilanana manawa palemahan iku ditebus.

25. Saupama ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan, nganti ngedol saperanganing palemahane, iku sanake kang duwe wewenang nebus, yaiku sanake kang cedhak dhewe, iku maraa nebus kang wus kaedol sadulure iku.

26. Dene manawa ora duwe sanak kang wajib nebus, mangka sawuse mangkono bisa nebus dhewe marga wus nemu kang kagawe nebus darbeke,

27. iku ngetunga anggone ngedol mau wus pirang taun, banjur saluwihing kekarane dibalekna marang kang nuku, kalawan mangkono wong mau banjur bisa ngulihi tanah ebeke.

28. Nanging manawa ora duwe kang kagawe mbalekake, ing kono darbeke kang wus diedol tetep ana ing tangane kang tuku nganti tumeka ing Taun Yobel. Ing Taun Yobel palemahan iku bakal luwar, sarta wong mau bisa ngulihi tanah ebeke.”

29. “Saupama ana wong adol omah ana ing kutha kang pagere tembok, omah iku kenane ditebus mung tumeka taun pendhake, kaetung saka anggone ngedol; anggone wenang nebus mung sajrone setaun.

maca bab lengkap Kaimaman 25