Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 25:2-5 Kitab Sutji (JAV)

2. “Wong Israel padha sira kandhanana lan padha tuturana mangkene: Besuk samangsa sira wus padha lumebu ing nagara kang bakal Sunparingake marang sira, tanah iku kudu diasokake, minangka sabat sumaos marang Pangeran Yehuwah.

3. Sajroning nem taun lawase sira nyebarana buminira, lan sajroning nem taun sira ngethokana pucuke tanduranira anggur, sarta ngundhuhana pametune tanah iku,

4. nanging taune kang kapitu, iku sabat tumrap tanah iku, wayah ngaso babar pisan, iya sabat sumaos marang Pangeran Yehuwah; buminira aja sira sebari lan tanduranira anggur aja sira kethoki pucuke.

5. Sarta apa bae kang thukul dhewe saka buminira iku, aja sira eneni lan wohe tanduranira wit anggur kang ora sira tutuhi iku, aja sira undhuhi. Taun iku dadia taun pangasoan babar pisan tumrap tanah iku.

maca bab lengkap Kaimaman 25