Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 23:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. karo kurbane dhaharan arupa glepung gandum pilihan rong prasepuluh efa diwori lenga, minangka kurban genenan, iku ganda kang gawe rena, sarta kurbane unjukan arupa anggur saprapat hin.

14. Nganti tumeka ing dina iku sira aja padha mangan roti, gandum gorengan sangan utawa gandum anyar, nganti tumeka anggonira wus padha nyaosake kurbane Allahira mau; iku pranatan kang kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun ana ing sakehe papan panggonanira.

15. Esuke sawuse dina sabat iku, iya iku dinane anggonira padha ngladekake bentelan pisungsung goyangan mau, sira padha ngetunga pitung minggu wutuh;

16. sira ngetunga nganti tumeka ing dina sawuse sabat kang kaping pitune, iku seket dina, nuli sira padha nyaosna kurban dhaharan anyar konjuk marang Sang Yehuwah.

17. Sira padha ngladekna roti kanggo pisungsung goyangan rong iji, saka ing omahira, kang digawe glepung pilihan rong prasepuluh efa, anggone mbakar sawuse dicampuri ragi, iku minangka pisungsung kawitan konjuk marang Pangeran Yehuwah.

18. Roti mau sira kanthenana wedhus gembel pitu kang umur setaun kang tanpa cacad lan sapi lanang siji kang enom sarta wedhus gembel lanang loro, kabeh mau kagawea kurban obaran konjuk marang Sang Yehuwah, karo kurban dhaharan lan kurban unjukan, dadi kurban genenan kang gandane gawe renane Sang Yehuwah.

19. Sawuse iku sira nyaosna wedhus berok lanang siji minangka kurban pangruwating dosa, lan wedhus gembel loro kang umur setaun kanggo kurban slametan.

20. Iku banjur digoyangna dening imam bareng karo rotine pisungsung kawitaning panenan lan wedhuse gembel loro mau ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, dadi pisungsung suci sumaos marang Pangeran Yehuwah lan minangka bageane imam.

21. Ing dina iku uga sira ngumumna yen iku dina gedhe lan nganakna kumpulan suci, sira aja padha nglakoni pagawean kang abot; iku pranatan kanggo ing salawase ana ing sakehe papan panggonanira turun-tumurun.

maca bab lengkap Kaimaman 23