Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 23:12-31 Kitab Sutji (JAV)

12. Karodene ing dinane anggonira nggoyangake bentelan iku, sira nyawisna wedhus gembel siji kang tanpa cacad umur setaun; kanggo kurban obaran kobjuk marang Pangeran Yehuwah,

13. karo kurbane dhaharan arupa glepung gandum pilihan rong prasepuluh efa diwori lenga, minangka kurban genenan, iku ganda kang gawe rena, sarta kurbane unjukan arupa anggur saprapat hin.

14. Nganti tumeka ing dina iku sira aja padha mangan roti, gandum gorengan sangan utawa gandum anyar, nganti tumeka anggonira wus padha nyaosake kurbane Allahira mau; iku pranatan kang kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun ana ing sakehe papan panggonanira.

15. Esuke sawuse dina sabat iku, iya iku dinane anggonira padha ngladekake bentelan pisungsung goyangan mau, sira padha ngetunga pitung minggu wutuh;

16. sira ngetunga nganti tumeka ing dina sawuse sabat kang kaping pitune, iku seket dina, nuli sira padha nyaosna kurban dhaharan anyar konjuk marang Sang Yehuwah.

17. Sira padha ngladekna roti kanggo pisungsung goyangan rong iji, saka ing omahira, kang digawe glepung pilihan rong prasepuluh efa, anggone mbakar sawuse dicampuri ragi, iku minangka pisungsung kawitan konjuk marang Pangeran Yehuwah.

18. Roti mau sira kanthenana wedhus gembel pitu kang umur setaun kang tanpa cacad lan sapi lanang siji kang enom sarta wedhus gembel lanang loro, kabeh mau kagawea kurban obaran konjuk marang Sang Yehuwah, karo kurban dhaharan lan kurban unjukan, dadi kurban genenan kang gandane gawe renane Sang Yehuwah.

19. Sawuse iku sira nyaosna wedhus berok lanang siji minangka kurban pangruwating dosa, lan wedhus gembel loro kang umur setaun kanggo kurban slametan.

20. Iku banjur digoyangna dening imam bareng karo rotine pisungsung kawitaning panenan lan wedhuse gembel loro mau ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, dadi pisungsung suci sumaos marang Pangeran Yehuwah lan minangka bageane imam.

21. Ing dina iku uga sira ngumumna yen iku dina gedhe lan nganakna kumpulan suci, sira aja padha nglakoni pagawean kang abot; iku pranatan kanggo ing salawase ana ing sakehe papan panggonanira turun-tumurun.

22. Samangsa sira padha ngeneni pametune buminira, aja sira entekake nganti tekan ing pinggire palemahanira, lan kekarene panenanira aja sira asagi, iku katinggala kanggo wong miskin lan wong neneka; Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”

23. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

24. “Sira ndhawuhana wong Israel mangkene: Ing sasi kapitu tanggal sapisan ing sasi iku, iku sira dadekna dina pangasoan, dina pangeling-eling kanthi swaraning kalasangka yaiku dina kumpulan suci.

25. Sira aja padha nglakoni pagawean kang abot lan sira padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah.”

26. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa:

27. “Nanging tanggal kaping sepuluh ing sasi kang kapitu iku dadia dina pirukun; sira padha nganakna kumpulan suci, lan padha ngesorna awakira kalawan puwasa sarta padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah.

28. Ing dina iku sira aja padha nyambut gawe; awitdene iku dina pirukun kanggo nganakake pirukun tumrap sira ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Allahira.

29. Awitdene saben wong kang ora ngesorake awake kalawan puwasa ing dina iku, iku kudu kasirnakake saka ing antarane bangsane.

30. Mangkono uga saben wong kang nindakake pagawean apa-apa ing dina iku, wong iku bakal Sunsirnakake saka ing satengahe bangsane.

31. Sira aja padha nindakake pagawean; iku pranatan kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun, ana ing ngendi bae padununganira.

maca bab lengkap Kaimaman 23