Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 23:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sira dhawuha marang wong Israel lan tutura: Mungguh dina gedhe kang katetepake dening Pangeran Yehuwah kang kudu sira undhangake dadi dina-dina masamuwan suci, iya dina-dina gedhe kang Suntetepake, iku pratelane mangkene:

3. Nem dina wong padha nyambuta gawe, nanging dina kapitu iku sabat, dina kanggo ngaso babar pisan, yaiku dina masamuwan suci; sira aja padha nglakoni pagawean apa-apa; iku sabat kagem Sang Yehuwah ana ing sakehe papan panggonanira.

4. Iki dina-dina gedhe kang ditetepake dening Pangeran Yehuwah dina masamuwan suci, kang siji-sijine kudu sira undhangake ing kala mangsane.

5. Ing sasi kapisan tanggal ping pat belas ing sasi iku, ing wayah sore iku Paskah kagem Sang Yehuwah.

6. Ing sasi iku tanggal ping limalas iku dadi riyayane roti tanpa ragi sumaos marang Sang Yehuwah; pitung dina lawase sira padha mangana roti tanpa ragi.

7. Ing dinane kang kapisan sira padha nganakna parepatan suci, sira aja nglakoni pagawean kang abot.

8. Pitung dina lawase sira padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah; ing dinane kang kapitu iya nganakna parepatan suci, sira aja padha nglakoni pagawean kang abot.”

maca bab lengkap Kaimaman 23