Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 21:2-8 Kitab Sutji (JAV)

2. Kajaba manawa kang mati isih kulit daginge dhewe kang cedhak, kayata: biyunge, bapakne, anake lanang utawa wadon, sadulure lanang,

3. sadulure wadon kang isih prawan lan cedhak, marga durung duwe sisihan, tumrap wong iku dheweke kena najisake awake.

4. Sarehna wis bebojoan aja najisake awake ana ing antarane bangsane, awit kanthi mangkono dadine nyawiyah marang kasucene.

5. Para imam aja gawe buthaking sirahe lan aja nyukur pinggirirng jenggote, lan aja nggaret-nggareti kuliting awake.

6. Padha dadi suci sumaos marang ing Allahe lan aja nganti nerak kasucening asmane Allahe, awitdene para imam iku kudu nyaosake kurban genenan marang Pangeran Yehuwah, iya dhaharane Allahe, mulane kudu padha suci.

7. Anggone golek sisihan aja wong wadon tuna-susila, utawa wong wadon kang wus tau dijamah, lan iya aja wong wadon kang wus katundhung dening somahe, marga imam iku suci tumrap Allahe.

8. Kang iku kaanggepa suci, awit iku kang nyaosake dhaharane Allahira; kudu sira anggep suci, marga Ingsun Yehuwah kang nucekake sira iku suci.

maca bab lengkap Kaimaman 21