Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 21:15-23 Kitab Sutji (JAV)

15. supaya aja nerak kasucene turune ana ing antarane bangsane, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nucekake dheweke.”

16. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

17. “Sira dhawuha marang Harun mangkene: Mungguh anak putunira turun-tumurun kang cacad badane, iku aja ana kang seba nyaosake dhaharaning Allah,

18. awitdene sadhengaha wong kang cacad badane iku ora kena seba, yaiku: wong wuta, wong pincang, wong kang cacad raine, utawa wong kang peranganing awake kedawan,

19. wong kang tugel sikile utawa tangane,

20. wong kang bucu, utawa kang cebol, kang mripate mlethis, kang gudhigen utawa kadhasen sarta kang kawirangane cacad.

21. Saben wong turune Imam Harun, kang cacad badane, aja nganti ana kang seba nyaosake kurban genenan marang Pangeran Yehuwah; marga ana cacade, mulane aja seba nyaosake dhaharane Allahe.

22. Bab dhaharane Allahe, dadia sesaosan kang suci pinunjul utawa sesaosan kang suci, iku kalilan dipangan.

23. Mung aja nyedhaki geber lan aja marani misbyah, marga cacad badane, supaya aja nganti nerak marang kasucening papaningSun kang suci, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nucekake iku.”

maca bab lengkap Kaimaman 21