Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 21:13-17 Kitab Sutji (JAV)

13. Anggone rabi goleka wong wadon kang isih prawan.

14. Aja golek randha utawa wong wadon kang wus dipegat, kang wus dijamah utawa wong wadon tuna-susila, iku aja diepek, nanging kang diepek kudu prawan saka ing antarane bangsane,

15. supaya aja nerak kasucene turune ana ing antarane bangsane, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nucekake dheweke.”

16. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

17. “Sira dhawuha marang Harun mangkene: Mungguh anak putunira turun-tumurun kang cacad badane, iku aja ana kang seba nyaosake dhaharaning Allah,

maca bab lengkap Kaimaman 21