Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 20:9-24 Kitab Sutji (JAV)

9. Manawa ana wong ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, iku kaukuma pati; marga wus ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, getihe ngenanana awake dhewe.

10. Manawa ana wong lanang kang bedhangan somahing liyan, dadi laku bedhang karo somahe pepadhane, iku loro-lorone padha kaukuma pati; iya wonge lanang iya wonge wadon kang dibedhang iku.

11. Manawa ana wong kang nunggal turu karo somahe bapakne, dadi ngungkapi kawirangane bapakne, sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.

12. Mangkono uga manawa ana wong lanang kang nunggal turu karo mantune wadon, sakarone padha kaukuma pati; dene padha nglakoni pratingkah kang rusuh; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.

13. Mangkono uga manawa wong lanang nunggal turu karo padha wong lanang patrape kaya karo wong wadon, dadi padha nglakoni pratingkah kang rusuh, iku sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.

14. Manawa ana wong lanang rabi loro, anak wadon lan biyunge, iku pratingkah rusuh lan nistha. Wong iku dalah somahe karo pisan diobonga, supaya aja ana pratingkah rusuh lan nistha ana ing tengahira.

15. Karomaneh manawa ana wong lanang kang nunggal turu karo sadhengaha kewan, iku kaukuma pati, dalah kewane iya kapatenana uga.

16. Mangkono uga manawa ana wong wadon kang ngumpuli sadhengah kewan supaya dijamaha, wong wadon iku dalah kewane padha sira patenana; loro-lorone kudu kaukum pati; getihe tumempuh marang sakarone.

17. Manawa ana wong lanang kang ngrabeni sadulure wadon, anake bapakne utawa biyunge, dadi kang lanang weruh kawirangane kang wadon, lan kang wadon weuh kawirangane kang lanang, iku pratingkah rusuh lan nistha, wonge padha katumpesa ana ing ngarepe bangsane, awitdene wus ngungkabi kawirangane sadulure wadon.

18. Manawa ana wong lanang kang awor turu karo wong wadon sajrone isih nggarap-sari, dadi ngungkabi kawirangane lan mbukak tutupe, sarta kang wadon iya ngolehake tutuping getihe kabukak, iku karo-karone padha kasirnakna saka ing tengahe bangsane.

19. Sarta maneh sira aja ngungkabi kawirangane sadulure biyungira utawa sadulure wadon bapakira; marga kang diungkapi iku kawirangane kulit dagingira dhewe, sakarone kudu padha nyangga kaluputane dhewe.

20. Manawa ana wong lanang kang nunggal turu karo somahe sadulure bapakne, iku dadi nyahak wewenange sadulure bapakne, sakarone padha njalari dosane dhewe, lan bakal padha mati tanpa anak.

21. Karodene manawa ana wong lanang ngepek somahe sadulure, iku pratingkah kang nistha, awit nyahak wewenange sadulure lanang, mesthi bakal padha ora duwe anak.

22. Kang iku sira padha nggatekna sakehe pranataningSun lan sakehe katetepaningSun, sarta iku padha sira estokna, supaya tanah kang dadi tujuane anggoningSun ngirid lakunira kang supaya sira enggoni iku, aja nganti nglepeh marang sira.

23. Lakunira aja manut adat tata-carane bangsa kang bakal padha Suntundhung saka ing ngarepanira; marga iku wus padha nglakoni kang kaya mangkono iku mau, temah padha Sunemohi.

24. Nanging dhawuhingSun marang sira: Sira kang bakal padha ngebeki tanahe bangsa iku, sarta Ingsun kang bakal maringake marang sira dadi darbekira, tanah kang luber puwan lan madu; Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang misahake sira saka para bangsa.

maca bab lengkap Kaimaman 20