Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 19:25-37 Kitab Sutji (JAV)

25. Ing taun kang kaping limane sira lagi kalilan mangan wohe, kang mangkono iku supaya ndadekna wuwuhe asilira; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

26. Sira aja mangan sadhengah apa kang isih ana getihe. Sira aja padha nindakake ngelmu petungan utawa pameca.

27. Sira aja nyukur rambuting sirahira mubeng turut pinggir lan aja ngrusak pinggire jenggotira.

28. Sira aja nggaret-nggareti awakira marga kepaten lan sira aja gawe ciri-ciri ana ing badanira; Ingsun iki Yehuwah.

29. Sira aja ngrusak kasucene anakira wadon kanthi patrap sira dadekake wong tuna-susila, supaya wong sanagara aja nganti padha laku jina, temah nagara iku kebak pratingkah kang nistha.

30. Sira padha netepana dina-dina sabatingSun, sarta ngajenana marang pasuceningSun; Ingsun iki Yehuwah.

31. Sira aja padha madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa rohe para prewangan; sira aja nggoleki marang iku, temah padha dadi najis marga saka iku kabeh; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

32. Ana ing ngarepe wong uwanen sira ngadega, lan wong kang wus tuwa sira ajenana, sarta wedi asiha marang Allahira; Ingsun iki Yehuwah.

33. Manawa ana wong manca kang manggon tetunggalan karo sira ana ing nagaranira, iku aja padha sira tindhes.

34. Wong seje bangsa kang manggon awor karo sira, iku ana ing antaranira dadia kaya wong Israel asli, iku sira tresnanana kaya dene awakira dhewe, awitdene biyen sira iya padha dadi wong neneka ana ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

35. Sira aja laku cidra ana ing pangadilan, mangkono uga tumrap ukuran, timbangan lan takeran.

36. Sira padha migunakna timbangan kang bener, watu timbangan kang bener, takeran efa kang bener lan takeran hin kang bener; Ingsun iki Yehuwah Allahira kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir.

37. Kaya mangkono anggonira kudu padha gondhelan marang sakehe pranataningSun lan katetepaningSun, sarta padha nindakna iku kabeh; Ingsun iki Yehuwah.”

maca bab lengkap Kaimaman 19