Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 19:2-14 Kitab Sutji (JAV)

2. “Sira ndhawuhana marang sapepake pasamuwane wong Israel lan tutura: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Sira padha disuci, awitdene Ingsun Yehuwah Allhira iku suci.

3. Saben wong ing satengahira duwea pakering marang biyunge lan bapakne, sarta padha netepana dina sabatingSun; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

4. Sira aja padha ngadhep marang brahala lan aja gawe sesembahan reca cor-coran; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

5. Manawa sira nyaosake kurban slametan marang Pangeran Yehuwah, anggonira nyaosake kurban iku ndadekna renaning Pangeran Yehuwah marang sira kabeh.

6. Iku kapangana tunggal dina karo anggonira nyaosake; uga kepareng ing dina esuke, nanging sisane ing dina kaping telune kudu diobong nganti entek.

7. Manawa uga dipangan ing dina kaping telune, iku jember sarta ora ndadekake renening Pangeran Yehuwah marang wong iku.

8. Sapa kang mangan kudu nyangga kaluputane dhewe, marga nyawiyah kasucene sesaosan suci marang Pangeran Yehuwah. Wong mangkono iku kudu disirnakake saka ing satengahe bangsane.

9. Samangsa sira padha ngeneni pametune buminira, iku aja sira eneni nganti entek nganti tekan ing pinggir, lan gogrogane panenanira iya aja sira jupuki.

10. Mangkono uga pakebonanira anggur iya aja sira undhuhi ambal kaping pindho, sarta wohe kang kecer ana ing lemah aja sira kukupi, iku sira kerekna kanggo wong miskin lan wong manca; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

11. Sira aja nyenyolong, sira aja goroh sarta aja apus-ingapusan.

12. Sira aja sumpah goroh demi asmaningSun, supaya aja nyawiyah marang kasucening asmane Allahira; Ingsun iki Yehuwah.

13. Sira aja nindhes marang pepadhanira lan aja ngrebut barang darbeke. Opahe wong nyambut gawe dinan aja sira endheg nganti tumeka esuke.

14. Wong budheg aja sira supatani lan aja masang watu sandhungan ana ing ngarepe wong wuta; nanging sira wedia marang Gusti Allahira; Ingsun iki Yehuwah.

maca bab lengkap Kaimaman 19