Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 17:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sira ndhawuhana marang Harun lan marang anak-anake sarta marang sakehe wong Israel, padha tuturana mangkene: Iki dhawuh kang kaparingake dening Pangeran Yehuwah:

3. Saben wong turune Israel kang nyembeleh sapi, wedhus gibas utawa wedhus berok ana ing jero palereban utawa ing sajabane,

4. mangka ora nganggo digawa menyang ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan prelu kacaosake minangka kurban marang Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe Tarube Suci Pangeran Yehuwah, kang mangkono iku ditempuhna marang wong mau minangka utang getih, marga wus ngwutahake getih, wong iku katumpesa saka ing satengahe bangsane.

5. Iku supaya wong Israel samangsa padha nggawa kurbane sembelehan, kang adate disaosake ana ing ara-ara, marang Pangeran Yehuwah ana ing lawanganing Tarub Pasewakan sarana kapasrahake marang imam, minangka kurban slametan konjuk marang Sang Yehuwah.

6. Imam banjur nyiramake getihe ing misbyahe Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan, sarta getihe diobonga minangka ganda kang damel renaning Pangeran Yehuwah.

7. Aja ana kang padha sesaji kurbane maneh marang para dhemit, marga nyembah marang dhemit iku kalebu bedhang. Iku dadia pranatan ing salawase kanggo wong-wong iku nganti turun-tumurun.

8. Sarta iku padha sira tuturana: Saben turune Israel utawa panunggalane bangsa liya kang manggon ana ing tengahe, kang nyajekake kurban obaran utawa kurban sembelehan,

9. mangka ora digawa menyang ing lawangane Tarub Pasewakan supaya kasaosna marang Pangeran Yehuwah, wong kang kaya mangkono iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.”

10. “Sadhengah wong turune Israel lan panunggalane bangsa liya kang manggon ana ing tengahe, kang mangan sadhengaha getih, iku bakal Sunlawan sarta Suntumpes saka ing satengahe bangsane.

11. Marga nyawane angger daging iku ana ing getihe, sarta anggoningSun maringake getih marang sira ana ing misbyah iku supaya dadia sarananing pirukun tumrap nyawanira, awitdene getih iku ngolehake pirukun sarana nyawa.

12. Mulane Ingsun dhawuh marang wong Israel: Aja ana wong panunggalanira kang mangan getih, iya dalah bangsa liya kang manggon ana ing tengahira, aja ana kang mangan getih.

13. Saben wong Israel utawa wong liya kang manggon ana ing tengahira, kang mbebedhag banjur oleh beburon utawa manuk kang kena dipangan, getihe kudu kawetokake, banjur kaurugana lemah,

14. sabab nyawane angger daging iku getihe, mulane wong Israel wus padha Sundhawuhi mangkene: Sira aja mangan getihe sadhengah daging, awitdene nyawane angger daging iku getihe; sing sapa mangan iku mesthi katumpes.

15. Karodene sing sapa mangan bathang utawa sisane kewan galak, dadia wong Israel utawa wong liya, iku kudu ngumbah sandhangane lan adus sarta bakal dadi najis tumeka surupe srengenge, banjur lagi mari najise.

maca bab lengkap Kaimaman 17