Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 16:23-30 Kitab Sutji (JAV)

23. Sawuse mangkono Harun tumuli lumebua ing Tarub Pasewakan lan cucula sandhangan lena kang dianggo nalika lumebu ing pasucen, padha ditinggala ana ing kono.

24. Banjur adusa ana ing papan kang suci, nuli nganggoa sandhangane dhewe, sarta metua nyaosna kurban obarane dhewe lan kurban obaran sesaosane umat; sarana patrap mangkono anggone nganakake pirukun kanggo awake dhewe lan kanggo umat.

25. Gajihe kurban pangruwating dosa iku nuli diobonga ana ing misbyah.

26. Anadene wong kang ngeculake wedhus kang kanggo Azazel iku, iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sawuse mangkono lagi kena lumebu ing palereban.

27. Sapi lanang lan wedhus lanang kurban pangruwating dosa, kang getihe wus kagawa lumebu kanggo nganakake pirukun ana ing pasucen iku, padha kagawaa metu saka palereban, sarta lulange, daginge lan tlethonge iku kaobonga nganti entek.

28. Sapa kang ngobong iku kabeh, ngumbaha sandhangane, adusa, sawuse iku lagi kena lumebu ing palereban.

29. Iki dadia pranatan ing salawase kanggo sira kabeh, yaiku: ing sasi kapitu tanggal sapuluh, sira padha ngesorna awakira kanthi puwasa, sarta aja nyambut-gawe, iya bangsa Israel asli iya wong neneka kang manggon ana ing satengahira.

30. Awitdene ing dina iku kudu dianakake pirukun tumrap sira kabeh kagawe mbirat najisira. Sira bakal padha diresiki saka sakehe dosanira ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap Kaimaman 16