Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 16:13-23 Kitab Sutji (JAV)

13. Dupane tumuli ditumpangna ing geni ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nganti kukuse dupa nglimputana tutup pangruwatan kang ana ing dhuwure angger-anggere Gusti Allah, supaya Harun aja nemahi pati.

14. Apamaneh Harun njupuka getihe sapi lanang mau sathithik, dikepyurna klawan drijine ing dhuwure tutup pangruwatan perangan ngarep, lan anaa sathithik kang dikepyurake klawan drijine ing ngarepe tutup pangruwatan nganti rambah kaping pitu.

15. Sawuse mangkono wedhus lanang kang bakal kanggo kurban pangruwating dosa tumrap wong akeh iku kasembeleha, sarta getihe kagawaa menyang ing saburine geber, lan getihe digawea padha kaya kang wus ditindakake tumrap getihe sapi mau, yaiku: dikepyurna ana ing dhuwure tutup pangruwatan lan ing ngarepe.

16. Kaya mangkono anggone nganakake pirukun tumrap pasucen, marga saka sakehe kanajisane wong Israel lan marga saka sakehe panerake, apa bae dosane. Kaya mangkono iku kang katandukake marang Tarub Pasewakan, kang lestari dumunung ana ing antarane lan ing satengahe kanajisane.

17. Wong siji bae ora kena ana ing Tarub Pasewakan, manawa Harun lumebu arep nganakake pirukun ana ing pasucen nganti sawetune, sawuse rampung anggone nganakake karukunan, tumrap awake dhewe, kulawargane lan sapasamuwane Israel kabeh.

18. Sawuse mangkono nuli metua maranana misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta nganakna pirukun kanggo misbyah iku; dheweke njupuka getihe sapi lanang lan getihe wedhus gembel mau sathithik dileletna ing sungune misbyah mubeng.

19. Dene getihe salong kakepyurna ing misbyah klawan drijine nganti rambah kaping pitu, temah misbyah iku dibirat najise lan disucekake saka sarupane kanajisane wong Israel.

20. Sawuse rampung anggone nganakake pirukun tumrap ing pasucen, Tarub Pasewakan lan misbyah, banjur wedhus berok kang isih urip diajokna,

21. Harun banjur numpangna tangane karo pisan ing endhase wedhus kang isih urip iku, sarta ngakonana sakehe kaluputane wong Israel lan sakehe panerake, sanajan apa bae dosane; apadene dosane diemotna ing endhase wedhus lanang iku, wedhus iku banjur dieculna ing pasamunan dening sawijining wong kang wus cumawis tumrap iku.

22. Kaya mangkono anggone wedhus lanang mau kudu ngangkat sakehe kaluputane Israel menyang ing tanah kang cengkar, lan wedhus iku lagi dieculna manawa wis tekan ing pasamunan.

23. Sawuse mangkono Harun tumuli lumebua ing Tarub Pasewakan lan cucula sandhangan lena kang dianggo nalika lumebu ing pasucen, padha ditinggala ana ing kono.

maca bab lengkap Kaimaman 16