Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 16:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse putrane Rama Harun kang loro mati nalika padha nyedhak marang ing ngarsane Sang Yehuwah, Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa.

2. Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau mangkene: “Sira ndhawuhana marang Harun, kakangira, aja nganti saben wektu lumebu menyang ing pasucen ing saburine geber, ing ngarepe tutup pangruwatan kang ana ing dhuwur pethi, supaya aja nganti nemahi pati, awitdene Ingsun ngatingal ana ing mega ing sadhuwure tutup pangruwatan.

3. Harun anggone lumebu ing pasucen iku patrape mangkene: nggawaa pedhet siji kanggo kurban pangruwating dosa sarta wedhus gibas lanang siji kanggo kurban obaran,

4. kalawan manganggo kemejan lena kang suci lan lena kanggo nutupi kawirangane, sabukan lena lan uga nganggoa serban lena; iku padha sandhangan suci, kang dianggoa sawuse adus.

5. Dene pasamuwane Israel kajalukana wedhus berok loro kanggo kurban pangruwating dosa lan wedhus gibas lanang siji kanggo kurban obaran.

6. Sawuse mangkono Harun tumuli nyaosna sapi lanang kang arep dianggo kurban pangruwating dosa tumrap awake dhewe, kanthi patrap mangkono anggone ngolehake pirukun tumrap awake dhewe lan kulawargane.

7. Nuli dheweke njupuka wedhus berok lanang loro mau diajokna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan,

8. wedhus berok lanang loro mau banjur kaundhia, undhi siji kagem Sang Yehuwah lan sijine kanggo Azazel.

9. Wedhus kang katiban undhi kagem Sang Yehuwah nuli diajokna lan kagawea kurban pangruwating dosa.

10. Nanging wedhus kang katiban undhi kanggo Azazel, iku diajokna isih urip ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, kagawea srana nganakake pirukun, nuli diuculna menyang ing pasamunan kanggo Azazel.

maca bab lengkap Kaimaman 16