Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 13:4-23 Kitab Sutji (JAV)

4. Balik manawa belang ing kuliting badane iku sanadyan iya putih, nanging ora katon luwih jero tinimbang kulite, lan wulune ora malih dadi putih, wong mau dikurunga dening imam lawase pitung dina.

5. Sawusw pitung dina dipriksaa maneh dening imam, manawa miturut panemune imam, memalane ajeg bae, ora mremen marang kulit liyane, wonge dikurunga maneh lawase pitung dina kanggo kang kaping pindhone.

6. Bareng pitung dinane dipriksaa maneh dening imam kang kaping pindhone, saupama memalane katon alum lan ora mremen ing kulit liyane, imam netepna yen wong mau ora najis, iku mung merkutuk bae. Wonge ngumbaha sandhangane, nuli wus dadi resik.

7. Nanging manawa nalika mriksakake awake marang imam supaya kasucekna mau, merkutuke banjur saya mremen menyang kulit liyane, wonge kawajiban mriksakake awake marang imam maneh kang kaping pindhone.

8. Manawa miturut papriksane imam merkutuke iku saya mremen, wonge banjur katetepna najise dening imam: iku memala saraat.

9. Manawa ana wong kang nandhang memala saraat, iku kagawaa marang ing ngarepe imam.

10. Yen miturut papriksane imam kulite ana kang abuh, warnane putih, lan njalari wulune iya wus malih putih, mangka satengahe kang abuh mau ana daginge mendhukul,

11. iku memala saraat kang wus lawas ana ing kuliting badane, Mulane wong iku ditetepna najise dening imam, ora usah ndadak kakurung, marga pancen wus dadi najis.

12. Manawa memala saraat mau thukul warata ana ing kulit, nganti nutupi awake sakojur, wiwit ing sirah nganti tekan ing dlamakane, sapira kang bisa kasumurupan dening imam,

13. lan manawa pamriksane imam memala saraat iku wus mratani kulite wong mau ana ing awake sakojur, kang malanen mau banjur ditetepna ora najis, marga malane mau wus malih dadi putih kabeh; wonge dadine resik.

14. Nanging manawa ing malane iku katon ana daginge kang pendul, wonge dadi najis.

15. Manawa imam ndeleng daging kang pendul iku, wonge ditetepna najis; daging pendul iku najis, pancen iku memala saraat.

16. Nanging manawa daging pendul iku kempes lan malih dadi putih, wonge nuli sebaa marang ing ngarepe imam.

17. Manawa miturut papriksane imam malane wus malih dadi putih, kang malanen ditetepna ora najis dening imam, dhasar wus birat najise.

18. Manawa ing kuliting badane sawijining wong ana plenthunge kang wus waras,

19. mangka tilas panggonan kang mlenthung iku ana kang mendul putih utawa ana belange putih semu abang, wong iku nuli nyuwuna kapriksa dening imam.

20. Manawa miturut papriksane imam belange iku luwih jero tinimbang kulit liyane, lan wulune wus malih dadi putih, wonge katetepna najis dening imam. Iku memala saraat kang thukul ana ing tilas plenthung mau.

21. Nanging manawa imam anggone mriksa ora tinemu ana wulune putih lan belange ora luwih jero tinimbang kulit liyane, malah belange katon saya alum, wonge banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.

22. Manawa belange mau mremen menyang kulit liyane, wonge ditetepna dening imam yen najis, iku pancen memala saraat.

23. Nanging manawa belange mau ajeg ora mremen, iku tetep mung tilas plenthung, wonge katetepna resik dening imam.

maca bab lengkap Kaimaman 13