Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 13:16-33 Kitab Sutji (JAV)

16. Nanging manawa daging pendul iku kempes lan malih dadi putih, wonge nuli sebaa marang ing ngarepe imam.

17. Manawa miturut papriksane imam malane wus malih dadi putih, kang malanen ditetepna ora najis dening imam, dhasar wus birat najise.

18. Manawa ing kuliting badane sawijining wong ana plenthunge kang wus waras,

19. mangka tilas panggonan kang mlenthung iku ana kang mendul putih utawa ana belange putih semu abang, wong iku nuli nyuwuna kapriksa dening imam.

20. Manawa miturut papriksane imam belange iku luwih jero tinimbang kulit liyane, lan wulune wus malih dadi putih, wonge katetepna najis dening imam. Iku memala saraat kang thukul ana ing tilas plenthung mau.

21. Nanging manawa imam anggone mriksa ora tinemu ana wulune putih lan belange ora luwih jero tinimbang kulit liyane, malah belange katon saya alum, wonge banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.

22. Manawa belange mau mremen menyang kulit liyane, wonge ditetepna dening imam yen najis, iku pancen memala saraat.

23. Nanging manawa belange mau ajeg ora mremen, iku tetep mung tilas plenthung, wonge katetepna resik dening imam.

24. Utawa manawa ing kulite badan ana tabete gosong kena geni, mangka sawarase kulite, tabet mau dadi belang putih semu abang utawa putih,

25. imam kudu mriksa, yen wulu ing panggonan belang mau malih putih, lan belange katon luwih jero tinimbang kulit liyane, dadi iku pancen memala saraat kang thukul saka tabet gosong mau, mulane wonge ditetepna najis dening imam, iku memala saraat.

26. Balik manawa miturut papriksane imam, ing belange iku ora ana wulune putih lan ora luwih jero tinimbang kulit liyane, malah katon saya alum, wonge banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.

27. Ing pitung dinane wong mau dipriksaa maneh dening imam; manawa belange saya mremen ing kulit, wonge ditetepna najis dening imam, iku memala saraat.

28. Balik manawa belange ajeg ana ing panggonane, ora mremen ing kulit liyane, malah katon alum, iku pendule tabet gosong, mulane wonge ditetepna ora najis dening imam, awit iku mung tabete gosong bae.

29. Karodene maneh manawa ana wong lanang utawa wadon memalanen ing sirah utawa ing jenggote,

30. imam kudu mriksa memala iku, manawa katone luwih jero tinimbang kulit liyane, lan wulune lemes semu kuning, wong iku ditetepna najis dening imam. Iku borok, iya memala saraat ing sirah utawa ing jenggot.

31. Balik manawa miturut papriksane imam, borok mau katone ora luwih jero tinimbang kulit liyane, lan ora ana rambute kang ireng, kang nandhang memala borok iku banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.

32. Ing pitung dinane imam mriksaa maneh memala mau, manawa boroke ora mremen lan ora ana rambute kang semu kuning, mangkono maneh boroke ora luwih jero tinimbang kulit liyane,

33. wonge nuli cukura; dene kang ana boroke aja dicukur, lan wong kang boroken iku dikurunga dening imam pitung dina engkas.

maca bab lengkap Kaimaman 13