Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 13:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun mangkene:

2. “Manawa ana wong kang kuliting badane abuh, merkutuk utawa belang-belang kaya panu, kang bokmanawa dadi wiwitaning memala saraat ana ing kulite, wong iku banjur kagawaa marang ing ngarepe Imam Harun utawa ngarepe salah sijine imam anake Harun.

3. Imam tumuli mriksaa memala ing kuliting badane iku, lan manawa wulu ing memalane iku malih dadi putih, lan memala iku katon luwih jero tinimbang kulit, iku genah memala saraat; manawa imam wus yakin bab iku, wong mau katetepna najis.

4. Balik manawa belang ing kuliting badane iku sanadyan iya putih, nanging ora katon luwih jero tinimbang kulite, lan wulune ora malih dadi putih, wong mau dikurunga dening imam lawase pitung dina.

5. Sawusw pitung dina dipriksaa maneh dening imam, manawa miturut panemune imam, memalane ajeg bae, ora mremen marang kulit liyane, wonge dikurunga maneh lawase pitung dina kanggo kang kaping pindhone.

6. Bareng pitung dinane dipriksaa maneh dening imam kang kaping pindhone, saupama memalane katon alum lan ora mremen ing kulit liyane, imam netepna yen wong mau ora najis, iku mung merkutuk bae. Wonge ngumbaha sandhangane, nuli wus dadi resik.

7. Nanging manawa nalika mriksakake awake marang imam supaya kasucekna mau, merkutuke banjur saya mremen menyang kulit liyane, wonge kawajiban mriksakake awake marang imam maneh kang kaping pindhone.

8. Manawa miturut papriksane imam merkutuke iku saya mremen, wonge banjur katetepna najise dening imam: iku memala saraat.

9. Manawa ana wong kang nandhang memala saraat, iku kagawaa marang ing ngarepe imam.

10. Yen miturut papriksane imam kulite ana kang abuh, warnane putih, lan njalari wulune iya wus malih putih, mangka satengahe kang abuh mau ana daginge mendhukul,

11. iku memala saraat kang wus lawas ana ing kuliting badane, Mulane wong iku ditetepna najise dening imam, ora usah ndadak kakurung, marga pancen wus dadi najis.

maca bab lengkap Kaimaman 13