Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 11:32-47 Kitab Sutji (JAV)

32. Karomaneh sadhengah apa kang ketiban kewan mau samangsa wus mati, iku mesthi dadi najis: sakehing piranti kayu, sandhangan, lulang utawa bagor lan sadhengah piranti kang kanggo nindakake apa bae, iku kacemplungna ing banyu lan dadi najis tumeka suruping srengenge, sawuse mangkono bakal dadi resik maneh.

33. Nanging sadhengah wadhah grabah kang ketiban salah sawijine kewan iku, apa isine dadi najis, dene wadhahe kudu sira pecah.

34. Sadhengah pangan kang kena dipangan, manawa kecak banyuning wadhah mau, iku dadi najis, lan sarupane omben-omben kang kena diombe kang ana ing wadhah kang mangkono iku, iya dadi najis.

35. Samubarang kang ketiban bathange kewan mau dadi najis; manawa iku pambakaran roti utawa anglo, iku karemuka, awit iku kabeh wus padha dadi najis lan iya sira anggepa najis;

36. nanging sumber utawa sumur kang isi banyu, iku tetep ora najis; nanging sing sapa nggepok bathange kewan-kewan mau, iku dadi najis.

37. Mangkono maneh winih apa bae kang arep disebar, kang ketiban ing bathange kewan iku, iku tetep ora najis.

38. Nanging manawa winih mau wus diekum ing banyu, nuli ketiban bathange, iku dadi najis tumrap sira.

39. Anadene manawa panunggalane kewan kang dadi panganira mati, sing sapa nggepok bathange bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

40. Lan sing sapa mangan bathange, iku ngumbaha sandhangane lan iya dadi najis tumeka suruping srengenge. Mangkono uga kang nggawa bathange, iya ngumbaha sandhangane lan dadi najis tumeka suruping srengenge.

41. Karomaneh sarupane kewan kang gumremet uyel-uyelan ana ing bumi iku padha najis, poma aja nganti dipangan.

42. Sadhengah kang lakune nlosor lan sadhengah kang rumangkang utawa gumremet nganggo sikil papat, utawa kang sikile akeh, sadhengah kang kagolong kewan gumremet uyel-uyelan ana ing bumi, iku aja sira pangan, awit iku kabeh padha najis.

43. Sira aja padha ndadekake najising awakira dhewe marga saka sadhengah kewan kang gumremet uyel-uyelan lan aja padha najisake awakira marga saka iku mau kabeh, supaya sira aja dadi najis.

44. Awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira, mulane sira kudu padha nucekna awakira lan sira kudu padha suci, marga Ingsun iki suci, sarta sira aja nganti padha ndadekake najisira marga saka sadhengah kewan kang gumremet uyel-uyelan ana ing bumi.

45. Awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira kang wus ngirid sira mentas saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dadia Allahira; sira padha dadia suci, marga Ingsun iki suci.

46. Iku mau angger-angger bab kewan kang sikil papat, bangsaning manuk lan bab sarupane kang kumelip kang mobahmosik ana ing banyu, apadene bab sadhengah apa kang uyel-uyelan ana ing bumi,

47. yaiku kanggo mbedakake kang karam lan kang kalal, kewan kang oleh dipangan karo kang ora oleh dipangan.”

maca bab lengkap Kaimaman 11