Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 10:10-20 Kitab Sutji (JAV)

10. supaya sira bisa mbedakake samubarang kang suci karo kang ora, kang najis lan kang ora najis.

11. Sarta maneh sira wulangna marang wong Israel, sakehe pranatan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang wong-wong iku lumantar Nabi Musa.”

12. Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun, Eleazar lan Itamar, para putrane kang isih kari: “Padha njupuka kurban dhaharan turahane sakehe kurban genenan kang kagem Pangeran Yehuwah, iku nuli panganen ana ing sandhinge misbyah kaya dene roti tanpa ragi; awit iku panduman kang suci pinunjul.

13. Panganen ana ing panggonan kang suci, awit iku katetepan kanggo kowe lan anak-anakmu tumrap kurban genenan kang kagem Sang Yehuwah; sabab mangkono dhawuhe marang aku.

14. Karomeneh andhemane pisungsung goyangan lan sampile pisungsung-mligi iku panganen ana ing panggonan kang ora ana najise, iya kowe dalah anak-anakmu lanang wadon, awitdene iku kabeh wus padha kaparingake dadi katetepan tumrap kowe lan anak-anakmu saka kurban slametane wong Israel.

15. Sampil pisungsung-mligi lan andheman pisungsung goyangan iku padha digawaa menyang ing papaning sakehe kurban genenan kang awujud gajih, supaya padha digoyanga minangka pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. Iku katetepan kang kanggo ing salawase tumrap kowe lan anak-anakmu, kaya kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah.”

16. Nabi Musa banjur nggoleki kanthi njlimet wedhus berok lanang, kanggo kurban pangruwating dosa mau, nanging jebul wus entek kaobong. Kang iku Eleazar lan Itamar putrane Rama Harun kang isih kari, tumuli padha didukani, pangandikane:

17. “Yagene kurban pangruwating dosa iku ora padha kokpangan ana ing panggonan kang suci? Iku rak panduman kang suci pinunjul, lan Pangeran Yehuwah anggone maringake iku marang kowe, iku supaya kowe padha nyanggaa kaluputane para umat, supaya ngolehake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah?

18. Delengen, getihe rak ora digawa lumebu ing sajroning pasucen, mangka mesthine kudu padha kokpangan ana ing papan kang suci, kaya kang wus dadi prentahku!”

19. Ature Imam Harun marang Nabi Musa: “Pancen bener, ing dina iki wus padha ngaturake kurban pangruwating dosa lan kurban obaran marang ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, nanging aku kok banjur ngalami prakara-prakara kang kaya mangkono mau. Saupama ing dina iki aku uga mangan kurban pangruwating dosa, apa iku ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah?”

20. Bareng Nabi Musa miyarsa atur mangkono, iku kagalih prayoga.

maca bab lengkap Kaimaman 10