Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 10:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita para putrane Imam Harun, Nadab lan Abihu, padha njupuk padupane, diiseni geni sarta ditumpangi dupa. Marga saka iku dadi padha nggawa geni liya marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nyulayani kang dadi dhawuhe.

2. Banjur ana geni metu saka ing ngarsane Sang Yehuwah kang mangsa wong loro iku, temah padha mati sanalika ana ngarsane Pangeran Yehuwah.

3. Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Iya iki kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah: Ingsun nelakake kasuceningSun marang wong kang cedhak kalawan Ingsun, sarta nglairake kamulyaningSun ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh.” Anadene Imam Harun mung kendel bae.

4. Nabi Musa banjur nimbali Misael lan Elsafan, anak-anake Uziel, pamane Rama Harun, padha didhawuhi mangkene: “Padha majua, sadulurmu iku gotongen metu saka ing ngarepe pasucen menyang ing sajabane palereban.”

5. Wong mau tumuli padha maju, jisime padha diangkat metu menyang ing sajabane palereban, isih nganggo kemejan, netepi dhawuhe Nabi Musa.

6. Nabi Musa banjur ngandika marang Imam Harun lan marang Eleazar lan Itamar, para putrane Imam Harun: “Kowe aja padha sedhih lan aja padha susah, supaya aja padha mati lan wong sapasamuwan kabeh kena ing bebendune Pangeran Yehuwah. Mung para sadulurmu, yaiku wong Israel sabangsa kabeh, iku kang padha nangisa marga saka geni kang diurubake dening Pangeran Yehuwah iku.

7. Kowe aja padha lunga-lunga saka ing lawangane Tarub Pasewakan, supaya kowe aja nganti padha nemahi pati, marga kowe padha kadunungan lenga jebade Sang Yehuwah.” Imam Harun lan para putrane padha nindakake apa sadhawuhe Nabi Musa.

8. Pangeran Yehuwah ngandika marang Imam Harun:

maca bab lengkap Kaimaman 10