Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 1:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah nimbali Nabi Musa sarta ngandika marang panjenengane saka ing Tarub Pasewakan, dhawuhe:

2. “Sira ndhawuhana wong Israel lan sira tutura: manawa ana wong panunggalanmu kang arep nyaosake kurban marang Pangeran Yehuwah, kurbanira iku kudu raja-kaya, yaiku sapi utawa wedhus.

3. Manawa sesaosane iku kurban obaran arupa sapi, kudu lanang kang tanpa cacad. Anggone nyaosake iku ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan, supaya ndadekna keparenging panggalihe Pangeran Yehuwah.

4. Nuli tangane ditumpangna ana ing endhase kurban obaran mau, temah kurbane mau katrimah lan ngolehake pangruwating dosane.

5. Sawuse mangkono banjur nyembeleha sapine ana ing ngarsaning Yehuwah; para anake Harun, imam-imam mau nyaosna getihe sapi mau lan disiramna ing sakubenge misbyah ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.

6. Nuli kurbane mau dikeleti lan ditengkel-tengkel miturut perangan-perangan kang wus katemtokake.

7. Para anake Imam Harun banjur dadekna geni ana ing misbyah sarta nataa kayu tumumpang ing geni mau,

maca bab lengkap Kaimaman 1