Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 99:6-9 Kitab Sutji (JAV)

6. Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane para imame,tuwin nabi Samuel iku panunggalane kang padha nyebut asmane,iku padha nyebut asmaning Yehuwah, nuli kaparingan wangsulan.

7. Padha dipangandikani saka ing tugu mega,kabeh wus padha netepi pepengete, sarta pranatan kang diparingake.

8. Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, Paduka sampun paring wangsulan dhumateng tiyang wau sadaya.Paduka punika Gusti Allah, ingkang remen ngapunten tumrap para tiyang punika,nanging ingkang ugi paring piwales dhateng pandamelipun.

9. Padha ngluhurna Sang Yehuwah, Gusti Allah kita,sarta padha sujuda nyembaha ana ing ngarsane gununge kang suci,awit Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita iku suci.

maca bab lengkap Jabur 99