Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 99:4-7 Kitab Sutji (JAV)

4. Ratu ingkang santosa, ingkang remen dhateng angger-angger,Paduka ingkang njejegaken kaleresan,angger-angger lan kaadilan wonten ing antawising turunipun Rama Yakub,Paduka ingkang nindakaken.

5. Linuhurna Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita,sarta padha sujuda nyembaha ana ing ngarsane ancik-anciking sampeyane,Panjenengane iku suci!

6. Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane para imame,tuwin nabi Samuel iku panunggalane kang padha nyebut asmane,iku padha nyebut asmaning Yehuwah, nuli kaparingan wangsulan.

7. Padha dipangandikani saka ing tugu mega,kabeh wus padha netepi pepengete, sarta pranatan kang diparingake.

maca bab lengkap Jabur 99