Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 97:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah iku Raja, salumahing bumi kareben surak-surak,pulo-pulo kareben akeh kang padha sukarena!

2. Panjenengane kubengan ing mega lan pepeteng,kaadilan lan angger-angger kang dadi tetalesing dhampare.

3. Geni lumaku ana ing ngarsane,lan nggesengake satrune ing sakiwa-tengene.

4. Kilate padha madhangi jagad,bumi ndeleng temah gumeter.

5. Gunung-gunung padha ajer prasasat malam ana ing ngarsaning Sang Yehuwah,ana ing ngarsane Gustine salumahing bumi.

6. Langit martakake kaadilane,lan sakehing bangsa padha nyawang kaluhurane.

7. Sarupaning wong kang ngabekti marang reca bakal padha nandhang wirang,wong kang padha gumunggung marga saka brahala-brahala;sakehing allah padha sujud nyembah marang Panjenengane.

8. Sion mireng wartosipun, temah bingah,sarta para putrinipun Yahuda sami surak-surak,margi saking paukuman Paduka, dhuh Yehuwah.

9. Awit Paduka punika, dhuh Yehuwah, Ingkang Mahaluhur,ingkang mengku salumahing bumi, Paduka linuhuraken sanget nglangkungi sakathahipun allah.

10. He wong kang padha tresna marang Sang Yehuwah padha sengita marang piala!Panjenengane kang ngreksa nyawane para wong kang kinasihan,bakal ngluwari wong-wong iku saka ing tangane para wong duraka.

11. Pepadhang wus sumunar tumrap para wong mursid,lan kabungahan tumrap para wong kang burus atine.

12. He para wong mursid, padha bungah-bungaha marga saka Pangeran Yehuwah,lan ngrepekna kidung pamuji sokur kagem asmane kang suci.

maca bab lengkap Jabur 97