Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 94:8-17 Kitab Sutji (JAV)

8. Heh, para wong kang bodho panunggalane rakyat, padha gatekna!Heh, para wong goblog, besuk apa anggonmu padha bisa mikir?

9. Gusti Allah kang masang kuping apa ora miyarsa?kang yasa mripat apa ora mirsani?

10. Kang maringi pamardi marang para umat, apa ora ndhawahake paukuman?Panjenengane kang mulangake kawruh marang manungsa?

11. Pangeran Yehuwah nguningani sakehing rancangane manungsa,iku kabeh sanyatane tanpa guna.

12. Dhuh Yehuwah, rahayu tiyang ingkang Paduka perdi,ingkang Paduka wulang saking angger-angger Paduka,

13. supados kenginga kadamel nentremaken manahipun ing salebetipun nandhang karibedan,ngantos dumugi wekdalipun tiyang duraka kadhudhukaken luwangan.

14. Dene Pangeran Yehuwah ora negakake umate,lan ora bakal nilar marang umat kagungane.

15. Amarga karampunganing pradata bakal bali marang kaadilan,sarta diturut dening sakehing wong kang tulus atine.

16. Sapa kang mbiyantu aku nglawan marang para wong ala,sapa kang mbiyantu aku nglawan marang para wong kang nglakoni piala?

17. Ajaa Pangeran Yehuwah kang mitulungi aku,meh bae aku manggon ana ing alam suwung.

maca bab lengkap Jabur 94