Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 89:44-53 Kitab Sutji (JAV)

44. landheping pedhangipun Paduka damel mbalik,Paduka boten damel supados saged tanggon wonten ing peprangan.

45. Cahyanipun Paduka suremaken,sarta dhamparipun Paduka rebahaken ing siti.

46. Dinten enemipun sampun Paduka celakaken;piyambakipun Paduka krukubi klayan kawirangan. (Selah)

47. Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah wonten ing pasingidan,sarta anggenipun bebendu Paduka mulad-mulad kados latu punika?

48. Paduka mugi karsaa ngengeti menggah gesang punika sapinten ta dangunipun,punapa tanpa damel anggen Paduka nitahaken sakathahing anakipun manungsa punika?

49. Tiyang gesang ingkang pundi ingkang boten badhe ngalami pejah,ingkang saged nguwalaken nyawanipun saking pamisesaning jagadipun tiyang pejah? (Selah)

50. Dhuh Pangeran, pundi sih-susetya Paduka ingkang sakawit,ingkang Paduka janjekaken dhateng Dawud mawi supaos demi kasetyan Paduka punika?

51. Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa ngengeti bilih abdi Paduka dipun wewada,saha bilih kawula nandhang pangerang-erangipun para bangsa wonten ing salebetipun manah kawula,

52. ingkang dipun ucapaken para mengsah Paduka, dhuh Yehuwah,ingkang kalairaken kangge memada tindak-tandukipun jebadan Paduka.

53. Pinujia Pangeran Yehuwah ing salami-laminipun. Amin. Amin!

maca bab lengkap Jabur 89