Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 89:30-44 Kitab Sutji (JAV)

30. Anak-putune Sunlestarekake lumintu ing salawase,apadene dhampare ing saumuring langit.

31. Saupama anak-putune padha nglirwakake ToretingSun,sarta lakune ora manut ing pranataningSun,

32. lan padha nerak marang katetepaningSun,sarta ora netepi pepakeningSun,

33. panerake mesthi padha Sunwales kalawan gada,tuwin kaluputane kalawan gebug.

34. Nanging sih-susetyaningSun bakal ora Sunedohake saka Dawud,sarta Ingsun ora bakal nyelaki kasetyaningSun.

35. Ingsun ora bakal nerak marang prasetyaningSun,tuwin apa kang kawedhar saka ing lathiningSun ora bakal Sunowahi.

36. Sapisan Ingsun wus sumpah demi kasuceningSun,mesthi Ingsun ora bakal cidra marang Dawud.

37. Tedhak-turune bakal lestari ing salawas-lawase,lan dhampare kaya srengenge ana ing ngarsaningSun,

38. kaya rembulan kang ana ing salawas-lawaseminangka seksi kang setya tuhu ana ing mega.” (Selah)

39. Nanging Paduka piyambak nampik saha nyebrataken,sarta ndhawahaken bebendu Paduka dhumateng ingkang Paduka jebadi,

40. prajanjian Paduka kaliyan ingkang abdi Paduka batalaken,makuthanipun Paduka regedi kados lebu,

41. balowartinipun Paduka rebahaken,beteng-betengipun Paduka dadosaken jugrugan.

42. Sadaya tiyang ingkang langkung wonten ing margi sami ngrayahi,sarta dados cacadan tumrap tangga tepalih.

43. Tangan tengenipun para satrunipun sami Paduka unggulaken,sakathahing mengsahipun sampun sami Paduka damel bingah-bingah.

44. landheping pedhangipun Paduka damel mbalik,Paduka boten damel supados saged tanggon wonten ing peprangan.

maca bab lengkap Jabur 89