Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 89:25-37 Kitab Sutji (JAV)

25. Iku bakal kinanthi ing kasetyan lan sih-kadarmaningSun,sarta sungune bakal kaunggulake karana asmaningSun,

26. Ingsun bakal ndadekake tangane ngwasani segara,sarta tangane tengen ngereh kali-kali.

27. Panyebute marang Ingsun bakal mangkene: “Paduka punika Rama kawula,Gusti Allah kawula, sarta peparanging karahayon kawula.”

28. Sarta iya bakal Sunjunjung dadi putra pembarep,tuwin kang luhur dhewe ana ing antarane para raja ing salumahing bumi.

29. Sih-susetyaningSun marang dheweke bakal Sunlestarekake ing salawase,lan prasetyaningSun bakal tetep tumrap dheweke.

30. Anak-putune Sunlestarekake lumintu ing salawase,apadene dhampare ing saumuring langit.

31. Saupama anak-putune padha nglirwakake ToretingSun,sarta lakune ora manut ing pranataningSun,

32. lan padha nerak marang katetepaningSun,sarta ora netepi pepakeningSun,

33. panerake mesthi padha Sunwales kalawan gada,tuwin kaluputane kalawan gebug.

34. Nanging sih-susetyaningSun bakal ora Sunedohake saka Dawud,sarta Ingsun ora bakal nyelaki kasetyaningSun.

35. Ingsun ora bakal nerak marang prasetyaningSun,tuwin apa kang kawedhar saka ing lathiningSun ora bakal Sunowahi.

36. Sapisan Ingsun wus sumpah demi kasuceningSun,mesthi Ingsun ora bakal cidra marang Dawud.

37. Tedhak-turune bakal lestari ing salawas-lawase,lan dhampare kaya srengenge ana ing ngarsaningSun,

maca bab lengkap Jabur 89