Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 89:22-34 Kitab Sutji (JAV)

22. Iku bakal tetep Sunreksa kalawan astaningSun,sarta Sunsantosakake kalawan bauningSun.

23. Iku ora bakal ditempuh ing mungsuh,apadene kawasesa ing wong culika.

24. Mungsuhe bakal padha Sunremuk ana ing ngarepe,sarta kang padha nyengiti bakal Sunsirnakake.

25. Iku bakal kinanthi ing kasetyan lan sih-kadarmaningSun,sarta sungune bakal kaunggulake karana asmaningSun,

26. Ingsun bakal ndadekake tangane ngwasani segara,sarta tangane tengen ngereh kali-kali.

27. Panyebute marang Ingsun bakal mangkene: “Paduka punika Rama kawula,Gusti Allah kawula, sarta peparanging karahayon kawula.”

28. Sarta iya bakal Sunjunjung dadi putra pembarep,tuwin kang luhur dhewe ana ing antarane para raja ing salumahing bumi.

29. Sih-susetyaningSun marang dheweke bakal Sunlestarekake ing salawase,lan prasetyaningSun bakal tetep tumrap dheweke.

30. Anak-putune Sunlestarekake lumintu ing salawase,apadene dhampare ing saumuring langit.

31. Saupama anak-putune padha nglirwakake ToretingSun,sarta lakune ora manut ing pranataningSun,

32. lan padha nerak marang katetepaningSun,sarta ora netepi pepakeningSun,

33. panerake mesthi padha Sunwales kalawan gada,tuwin kaluputane kalawan gebug.

34. Nanging sih-susetyaningSun bakal ora Sunedohake saka Dawud,sarta Ingsun ora bakal nyelaki kasetyaningSun.

maca bab lengkap Jabur 89