Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 89:2-14 Kitab Sutji (JAV)

2. Sih-susetyaning Yehuwah badhe kawula kidungaken ing salaminipun,kasetyan Paduka badhe kawula suwuraken kaliyan cangkem kawula turun-tumurun.

3. Amargi sih-susetya Paduka binangun ing salami-laminipun;kasetyan Paduka jejeg kados langit.

4. Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun,Ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningSun.

5. Wijinira Suntetepake ing salawas-lawase,sarta dhamparira Sunbangun nganti turun-tumurun.” (Selah)

6. Margi saking punika langit ngucap sokur margi saking kaelokan Paduka, dhuh Yehuwah,malah inggih jalaran saking kasetyan Padukaing satengahing pasamuwanipun para suci.

7. Amarga ing mega-mega iku sapa kang ngembari Pangeran Yehuwah,lan ing antarane para kang manggon ing swargasapa kang madhani Sang Yehuwah?

8. Gusti Allah kineringan ana ing kalangane para suci,lan banget diwedeni ngluwihi kabeh kang padha ngayap ing sakiwa tengene.

9. Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun sarwa tumitah, sinten ingkang kados Paduka?Paduka punika santosa, dhuh Yehuwah, saha kasetyan Paduka wonten ing sakubeng Paduka.

10. Gumunggungipun saganten punika Paduka ingkang ngereh,manawi alunipun ageng Paduka ingkang ngendhakaken.

11. Rahab sampun Paduka remuk kados tiyang ingkang pinejahan,mengsah Paduka sampun Paduka buyaraken klayan asta Paduka ingkang rosa.

12. Langit punika kagungan Paduka, bumi punika ugi kagungan Paduka,jagad saisinipun sadaya punika Paduka ingkang ndhasari.

13. Ler lan kidul punika Paduka ingkang nitahaken,redi Tabor tuwin Hermon sami bingah-bingahsurak-surak margi saking asma Paduka.

14. Paduka ingkang kagungan bau santosaasta Paduka punika rosa tuwin luhur asta Paduka tengen.

maca bab lengkap Jabur 89