Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 89:15-21 Kitab Sutji (JAV)

15. Kaleresan kaliyan kaadilan dados tetalesing dhampar Paduka,sih-kadarman miwah kasetyan sami lumampah wonten ing ngarsa Paduka.

16. Rahayu bangsa ingkang saged surak-surak,dhuh Yehuwah, gesangipun kasunaran ing wedana Paduka,

17. sami asurak-surak sadinten muput margi saking asma Paduka,saha sami rumaos luhur margi kaadilan Paduka.

18. Amargi Paduka ingkang dados kamulyaning karosanipun,singat kawula kaunggulaken margi saking keparenging panggalih Paduka.

19. Awitdene tetameng kawula sadaya punika kagunganipun Pangeran Yehuwah,saha ratu kawula punika kagunganipun Gusti Allahipun Israel, ingkang suci.

20. Sampun nate wonten pangandika Paduka sarana wahyu dhateng para tiyang ingkang Paduka kasihi,suraosipun: “Ingsun wus maringi makutha marang sawijining pahlawan,sawijining wong pilihan wus Sunjunjung saka ing antarane bangsa iku.

21. Ingsun wus nemu Dawud, abdiningSun,kang wus Sunjebadi kalawan lenganingSun kang suci.

maca bab lengkap Jabur 89