Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 89:13-24 Kitab Sutji (JAV)

13. Ler lan kidul punika Paduka ingkang nitahaken,redi Tabor tuwin Hermon sami bingah-bingahsurak-surak margi saking asma Paduka.

14. Paduka ingkang kagungan bau santosaasta Paduka punika rosa tuwin luhur asta Paduka tengen.

15. Kaleresan kaliyan kaadilan dados tetalesing dhampar Paduka,sih-kadarman miwah kasetyan sami lumampah wonten ing ngarsa Paduka.

16. Rahayu bangsa ingkang saged surak-surak,dhuh Yehuwah, gesangipun kasunaran ing wedana Paduka,

17. sami asurak-surak sadinten muput margi saking asma Paduka,saha sami rumaos luhur margi kaadilan Paduka.

18. Amargi Paduka ingkang dados kamulyaning karosanipun,singat kawula kaunggulaken margi saking keparenging panggalih Paduka.

19. Awitdene tetameng kawula sadaya punika kagunganipun Pangeran Yehuwah,saha ratu kawula punika kagunganipun Gusti Allahipun Israel, ingkang suci.

20. Sampun nate wonten pangandika Paduka sarana wahyu dhateng para tiyang ingkang Paduka kasihi,suraosipun: “Ingsun wus maringi makutha marang sawijining pahlawan,sawijining wong pilihan wus Sunjunjung saka ing antarane bangsa iku.

21. Ingsun wus nemu Dawud, abdiningSun,kang wus Sunjebadi kalawan lenganingSun kang suci.

22. Iku bakal tetep Sunreksa kalawan astaningSun,sarta Sunsantosakake kalawan bauningSun.

23. Iku ora bakal ditempuh ing mungsuh,apadene kawasesa ing wong culika.

24. Mungsuhe bakal padha Sunremuk ana ing ngarepe,sarta kang padha nyengiti bakal Sunsirnakake.

maca bab lengkap Jabur 89