Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 88:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh. Kanggo lurah pasindhen, miturut lagu: Mahalat Leanot. Kidung piwulange Heman, wong Ezrahi.

2. Dhuh Yehuwah, Allah ingkang ngluwari kawulaing wanci siyang kawula sesambat,ing wanci dalu kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka.

3. Pandonga kawula mugi sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka,Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng pasambat kawula.

4. Amargi nyawa kawula tuwuk ing kasisahan,lan gesang kawula sampun celak kaliyan jagadipun tiyang pejah.

5. Kawula sampun kagolongaken para tiyang ingkang mandhap dhateng ing kubur,sarta kados tiyang ingkang tanpa daya.

6. Kawula kedah amor kaliyan para tiyang pejah,kados tiyang ingkang sami pejah margi dipun pejahi,gumlethak wonten ing kubur,ingkang boten Paduka engeti malih,amargi sampun sami kapethal saking panguwaos Paduka.

7. Kawula sampun Paduka selehaken wonten ing luwangankuburan ingkang ngandhap piyambaking salebeting pepeteng, ing papan ingkang lebet.

8. Kawula kapetek dening bentering bebendu Paduka,sampun kebyukan ing muncrating alun Paduka sadaya. (Selah)

9. Pitepangan kawula sadaya sampun sami Paduka tebihaken saking kawula,kawula sampun Paduka damel pangewan-ewan kangge tiyang-tiyang wau,kawula kinungkung boten saged medal.

10. Mripat kawula ngerong margi nandhang kasangsaran.Dhuh Yehuwah, kawula sampun sesambat dhumateng Paduka ing sadinten muputsarta sampun ngathungaken tangan kawula dhumateng Paduka.

11. Paduka punapa badhe nindakaken kaelokan kangge tiyang ingkang sami pejah?Arwah punapa badhe tangi, saha ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka? (Selah)

12. Sih-kadarman Paduka punapa saged kacariyosaken wonten ing kubur,tuwin kasetyan Paduka wonten ing paleburan?

13. Kaelokan-kaelokan Paduka punapa saged kasumerepan wonten ing palimengan,tuwin kaadilan Paduka wonten ing nagarinipun sadaya kekilapan?

maca bab lengkap Jabur 88