Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 87:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Masmur anggitane bani Korakh: kidungan.Ing gunung-gunung kang suci ana kutha kang dibangun dening Pangeran.

2. Kori-kori gapuraning Sion luwih dikasihi dening Pangeran Yehuwah,katimbang karo sakehing panggonane darah Yakub.

3. He kuthaning Allah,kowe kasuwurake mungguh prakara-prakara kang mulya. (Selah)

4. Rahab lan Babil Sungolongake para wong kang nganggep marang Ingsun,dalasan nagara Filisti, Tirus tuwin Etiopia:“Iki padha dilairake ana ing kono.”

5. Nanging bab Sion diwartakake:“Wong iku siji-sijine laire padha ana ing kono,”lan Panjenengane, Kang Mahaluhur, kang njejegake.

6. Wong iku mau kabeh padha kawilang dening Pangeran Yehuwah, samangsa nyatheti para bangsa:“Iki laire ana ing kono.” (Selah)

7. Lan wong padha ngidung tuwin jogedan karo seneng-seneng:“Sakehing sumberku ana ing sajroning nagaramu.”

maca bab lengkap Jabur 87