Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 85:3-10 Kitab Sutji (JAV)

3. Paduka sampun ngapunten kalepatanipun umat Paduka,sakathahing dosanipun sampun Paduka tutupi. (Selah)

4. Sakathahing deduka Paduka sampun Paduka sirep,bebendu Paduka ingkang mulad-mulad sampun Paduka lilihaken.

5. Dhuh Allah, Pamarta kawula, kawula mugi sami Paduka pulihaken,Paduka mugi karsaa ngicali gerahing panggalih Paduka tumrap kawula.

6. Kawula punapa sami badhe Paduka dukani ing salaminipun,saha anggen Paduka duka punapa badhe Paduka lajengaken ngantos turun-tumurun?

7. Punapa Paduka boten karsa nggesangaken kawula sadaya malih,supados umat Paduka saged bingah-bingah margi saking Paduka?

8. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken sih-susetya Paduka dhumateng kawula sadaya,saha karsaa maringi karaharjan Paduka dhumateng kawula sadaya.

9. Aku arep ngrungokake apa kang dadi pangandikaning Allah, Pangeran Yehuwah.Rak tentrem rahayu kang bakal didhawuhakemarang umate lan marang para kekasihe,supaya aja nganti bali marang ing kapunggungane maneh?

10. Sanyata, karaharjan kang saka ing Pangeran iku cepak tumrap wong kang wedi-asih marang Panjenengane,satemah nagara kita kadunungan kamulyan.

maca bab lengkap Jabur 85