Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 84:5-13 Kitab Sutji (JAV)

5. Rahayu tiyang ingkang sami manggen ing padaleman Paduka,saha tansah ngluhuraken asma Paduka. (Selah)

6. Rahayu tiyang ingkang karosanipun wonten ing Paduka,ingkang gadhah niyat badhe jiyarah.

7. Manawi lumampah wonten ing lebak Baka,punika kadadosaken panggenan ingkang wonten sumberipun;tur sinasaban ing berkahing jawah kapisan.

8. Lampahipun saya dangu saya kiyat,badhe sowan ing ngarsanipun Gusti Allah ing Sion.

9. Dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,mugi karsaa nilingaken dhateng kawula, dhuh Gusti Allahipun Rama Yakub. (Selah)

10. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa mirsani tetameng kawula sadaya,mugi karsaa mirsani dhumateng wedananipun jebadan Paduka!

11. Wonten ing plataran Paduka sadintenpunika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan;kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula,punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka.

12. Amarga Pangeran Yehuwah Allah iku dadi sesurya lan tetameng;Panjenengane maringi sih lan kamulyan;wong kang lakune tanpa cacad ora dicukengi ing bab samubarang kang becik.

13. Dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah,rahayu tiyang ingkang kumandel dhumateng Paduka.

maca bab lengkap Jabur 84