Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 83:2-13 Kitab Sutji (JAV)

2. Dhuh Allah, Paduka mugi sampun kendelmugi karsaa ngandika, saha sampun nganggur, dhuh Allah!

3. Amargi mengsah Paduka sami gumuruh,tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka sami nglangak kumethak,

4. sami ngrantam paekan nglawan Paduka,sarta sami sakuthon badhe nglawan para ingkang Paduka ayomi.

5. Wicantenipun makaten: “Ayo kita padha nyirnakake bangsa ikusupaya jenenge Israel ora kocap maneh!”

6. Saestu, sampun sami ngrantam kalayan saiyeg,sami damel prajanjian nglawan Paduka:

7. Para ingkang sami manggen ing kemahipun bangsa Edom, lan Ismael,Moab kaliyan Hagar,

8. Gebal lan Amon tuwin Amalek,Filisti sesarengan kaliyan tiyang ing Tirus,

9. ugi Asyur sami manunggil kaliyan tiyang-tiyang wau,sami dados bebantunipun darah Lut. (Selah)

10. Sedaya punika sami kadamela kadosdene bangsa Midian,kados Sisera tuwin Yabin wonten ing sacelakipun lepen Kisyon,

11. ingkang sampun sami katumpes wonten ing Endor,sami dados rabuking siti.

12. Para pangagengipun sami kadamela kados Oreb kaliyan Zeeb,saha sakathahing pemimpinipun kados Zebah lan Salmunah,

13. ingkang sami wicanten: “Payo padha ngejegipapan-papan padalemaning Allah.”

maca bab lengkap Jabur 83