Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 82:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Masmur anggitane Asaf.Gusti Allah jumeneng ana ing parepatan ilahi,ana ing satengahing para allah Panjenengane nindakake pangadilan:

2. “Nganti sepira suwene anggonira padha ngadili kalawan ambek-siya,sarta ngrewangi marang wong duraka? (Selah)

3. Wong kang sekeng lan bocah lola padha wenehana adil,wong kasangsaran lan kacingkrangan padha belanana wewenange.

4. Wong kang sekeng lan kang mlarat padha pitulungana,luwarana saka ing tangane wong duraka.”

5. Iku wong kang padha ora sumurup lan ora ngreti apa-apa,padha lumaku ana ing pepeteng;sakehing tetalese bumi padha gonjang-ganjing.

maca bab lengkap Jabur 82