Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 80:18-20 Kitab Sutji (JAV)

18. Paduka mugi karsaa ngreksa dhateng para tiyang ingkang wonten ing sisih tengen Paduka,anakipun manungsa ingkang sampun Paduka kiyataken kagem Paduka piyambak.

19. Kawula sami boten badhe nyleweng saking Paduka,kawula mugi Paduka gesangi, satemah sami badhe nyebut ngluhuraken asma Paduka.

20. Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi,kawula mugi sami Paduka pulihaken,mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.

maca bab lengkap Jabur 80