Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 80:11-17 Kitab Sutji (JAV)

11. redi-redi sami kayoman ing ayang-ayanganipun,lan wit-wit eres kagunganipun Gusti Allah sami kayoman ing pangpangipun;

12. pangipun ingkang alit-alit sami pating tlolor ngantos dumugi ing saganten,sarta elungipun ngantos dumugi ing benawi Efrat.

13. Punapa sababipun dene Paduka njugrugaken pageripun,temah dipun pethiki dening tiyang ingkang sami langkung?

14. Dipun grogoti ing andhapan,sarta dipun tedha ing kewan-kewan ing ara-ara.

15. Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, Paduka mugi karsaa wangsul,mirsanana saking ing swara sarta ningalana.Paduka mugi karsaa nggatosaken wit anggur punika,

16. wit ingkang katanem dening asta Paduka ingkang tengen.

17. Witipun sampun sami dipun besmeni lan dipun tegori,tiyang-tiyang wau kajengipun sami sirna ical dening bebendu Paduka.

maca bab lengkap Jabur 80