Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 80:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen, lagune kaya kidung: Kembang Bakung. Paseksene Asaf. Masmur.

2. Dhuh Juru Pangenipun Banisrael, mugi karsaa midhangetaken.Paduka ingkang nggiring bani Yusuf kados pepanthan menda,Paduka ingkang nitih kerub-kerub,mugi karsaa ngatingalaken cahya Paduka,

3. wonten ing ngajengipun Efraim kaliyan Benyamin tuwin Manasye.Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasantosan Padukasaha mugi karsaa rawuh ngluwari kawula sadaya.

4. Dhuh Allah, kawula mugi sami Paduka pulihaken,mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.

5. Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi,taksih pinten laminipun anggen Paduka bendusanadyan umat Paduka ndedonga?

6. Umat Paduka sami Paduka tedhani roti tumatesing luh,Paduka paringi ngombe luh ngantos kathah sanget,

7. kawula sami Paduka dadosaken rerebatanipun para tangga-tepalih,saha sami cinampahan ing mengsah-mengsah kawula.

8. Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken,mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami manggih wilujeng.

9. Paduka sampun mundhut wit anggur saking tanah Mesir,para bangsa sami Paduka tundhungi, wit anggur wau lajeng Paduka tanem.

10. Paduka sampun nyawisi papan,wit anggur wau lajeng ngoyod lebet sanget saha ngebaki nagari;

maca bab lengkap Jabur 80