Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 8:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Ewadene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbangkaliyan titah ing swarga,sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan.

7. Paduka kuwaosaken mengku yeyasaning asta Paduka,samukawis sadaya Paduka paringaken wonten ing sangandhaping tlapakanipun:

8. sakathahipun menda tuwin lembu,ugi sato-kewan ing ara-ara,

9. peksi ing awang-awang saha ulam ing saganten,saha samukawis ingkang langkung ing margining saganten.

10. Dhuh Yehuwah, Gusti kawula,iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi.

maca bab lengkap Jabur 8