Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 8:4-10 Kitab Sutji (JAV)

4. Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta Paduka,punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun Paduka tata,

5. manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti?Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih?

6. Ewadene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbangkaliyan titah ing swarga,sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan.

7. Paduka kuwaosaken mengku yeyasaning asta Paduka,samukawis sadaya Paduka paringaken wonten ing sangandhaping tlapakanipun:

8. sakathahipun menda tuwin lembu,ugi sato-kewan ing ara-ara,

9. peksi ing awang-awang saha ulam ing saganten,saha samukawis ingkang langkung ing margining saganten.

10. Dhuh Yehuwah, Gusti kawula,iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi.

maca bab lengkap Jabur 8