Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 8:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lelurahing pasindhen. Manut lagu: Gitit. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

2. Dhuh Yehuwah, Gusti kawula,iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi,kamulyan Paduka ingkang ngungkuli langit kakidungaken.

3. Sarana cangkemipun bayi-bayi lan manungsa.Paduka sampun nalesi kakiyatan margi saking lawanan Paduka,supados mbungkem mengsah tuwin tiyang ingkang watek remen males piawon.

4. Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta Paduka,punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun Paduka tata,

5. manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti?Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih?

6. Ewadene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbangkaliyan titah ing swarga,sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan.

7. Paduka kuwaosaken mengku yeyasaning asta Paduka,samukawis sadaya Paduka paringaken wonten ing sangandhaping tlapakanipun:

8. sakathahipun menda tuwin lembu,ugi sato-kewan ing ara-ara,

maca bab lengkap Jabur 8