Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 78:7-19 Kitab Sutji (JAV)

7. supaya padha kumandela marang Gusti Allah,lan aja lali marang sakabehing pakaryane,nanging padha netepana dhawuh-dhawuhe;

8. apadene aja padha kaya para leluhure,kang padha wangkot lan mbalela,jenis kang ora antepantuwin kang nyawane ora setya marang Gusti Allah.

9. Bani Efraim, prajurit panahan kang sikep gegaman ganep,padha mundur nalika dinane perang.

10. Padha ora nggondheli prasetyaning Allahsarta padha emoh lumaku manut ing Torete.

11. Padha lali marang pakaryanelan kaelokan kang katindakake,kang wus dikatingalake marang dheweke kabeh.

12. Gusti Allah wus nindakake kaelokan-kaelokan ana ing ngarepe para leluhure,ana ing tanah Mesir, ana ing ara-ara Zoan;

13. segara dipiyak, para leluhur padha disabrangake;banyune diadegake kaya bendungan,

14. ing wayah awan lakune para umat dituntun kalawan mega,ing wayah bengi kalawan padhanging geni.

15. Gunung parang ing ara-ara samun dibengkah,para leluhur mau tumuli padha diparingi banyu akehkaya saka ing samodra agung;

16. saka ing parang Gusti Allah mijilake kali,grojoging banyune kaya bengawan.

17. Ewadene para leluhur mau ndlarung anggone gawe dosa marang Panjenengane,yaiku anggone mbalela marang Kang Mahaluhur ana ing pasamunan.

18. Malah padha nyoba marang Gusti Allah ing sajroning atineyaiku anggone nyuwun pangan kanggo nguja hawa-napsune.

19. Padha rasanan bab Gusti Allah mangkene:“Allah apa iya kuwasa nyedhiyani pangan ana ing ara-ara samun?

maca bab lengkap Jabur 78